undefined
undefined
Assalamu’alaikum wr.wb
Wilujeng siang
Para
pinisepuh, sesepuh ingkang anggung mastuti dhateng pepoyaning kautaman ingkang
kinurmatan. Para pangemban pangembating paprentah ingkang kinurmatan. Para tamu
sinedhan ingkang satuhu luhur ing budi.
Murwakani atur kulo,sumangga kulo
dherekaken ngonjukaken puji syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang
sampun paring berkah lan rohmat satemah saged rawuh ing papan menika kanthi
kalis sing sambekala.
Saiba suka gambiraning panggalih saha
sukuripun Bapa Cipta Raharja ing dinten menika, prasasat kebanjiran segara
madu, kejugrukan wukir sari haningali rawuhipun para sanak kadang, para tamu
saha para mitra sedaya ingkang pindhanipun kadya daru tetarungan ingkang mbabar
katentreman saha kawilujengan.
Kaminta sraya dening Bapa Slamet
Riyadi ingkang sepisan ngaturaken wilujeng rawuh, kasekecakna anggenipun
lenggah kanthi mardika wiwit purwa ngantos purnaning adicara menika. Jumbuh
kaliyan ingkang kapacak wonten serat sedhahan kaparenga para tamu hanekseni
anggenipun Bapa Slamet Riyadi nampi nugrahing Gusti. Dene putrinipun Putri
Handika Piraya sampun purna anggenipun sinau wonten pawiyatan luhur Universitas
Negeri Yogyakarta.
Bapa Slamet Riyadi mawantu-wantu
nyuwun lumunturing samodra pangaksami dhateng para tamu, awit kirang treping
palenggahan, kirang jumbuhing pasugatan saha samukawisipun.
Pungkasaning kulo minangka talang ing
basa sulih sarira nglenggana kathah klenta-klentuning tembung, galap gangsuling
ukara, tumpang suhipun paramasastra saha kirang tata trapsila anggen kulo
matur, mugi kersa sedaya para tamu ngluberaken samodaring pangaksammi dhateng
kulo.
Wasana kasekecakna
anggenipun lenggah ngantos adicara dalu menika paripurna. Nuwun.
Wilujeng siang. Mugi rahayu
sami pinanggih.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Posting Komentar